Minggu, 03 April 2016

Sumantri Ngenger

Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Samono uga Raden Sukasrana. Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake punakawan papat Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake. Ananging Raden Sumantri malah nghianati tugas kang dheweke emban. Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Lakune Sumantri kang tanpa arah kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukrasana : “Akang, akang sumantli.” Sumantri : “Lhoh, adhiku Sukrasana.” (marani Sukrasana) Sukrasana : “Aku kangen kowe lo kang. Pie kabalmu kang?” (karo ngrangkul Sumantri) Sumantri : “Apik dhi” Sukrasana : “Lhoh akang sumantli, keno opo kok sedhih?” Sumantri : “Ngene dhi, aku ditundhung prabu harjuno. (meneng sedhela) Suwitaku bakal ditampa maneh yen aku bisa muter Taman Sriwedari menyang Negara Maespati. Tapi aku ora bisa dhi” (Sukasrana mesem krungu critane Sumantri.) Sukrasana : “Nek mung mutel taman wae, gampang akang,” (kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.) Sumantri : “Tenan, Dhi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” Sukrasana : “Isoh ae, Akang. Kuwi gampang!” Sumantri : “Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” (kandhane Sumantri memelas.) Sukrasana : “Aku isoh mutel aman Iwedali ning ana alate, Akang.” Sumantri : “Apa syarate, Dhi?” Sukrasana : “Aku pengen elu owe, Akang. Aku elu suwita plabu Haljunosasla.” Sumantri : “Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?” Sukrasana : “Iya, Akang.” Sumantri : “Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari mesthi tak ajak suwita menyang Maespati.” Sukrasana : “Tenan, Kang? Kowe janji Kang? Kowe ola ngapusi?” Sumantri : “Iya Dhi, kakang janji ora bakal ngapusi!” Sukrasana : “Yoh, Akang. Entenana sedhela ya?” Sukasrana banjur muja semedi. Kanca-kancane bangsa lelembut padha teka ngrewangi Sukrasana kang sekti. Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati. Sukasrana : “Akaaang, akang Sumantli! taman sliwedali wes tak pindhah nan maespati” Sumantri : “Matur nuwun ya Dhi. Kowe wes mbiyantu aku” Sukrasana : “Padha-padha kang. Nnging kakang ojo lali kalo janjimu” Sumantri : “Iyo adhiku, kakang ora lali” Sukrasana : “Kang ayo sowan malang plabu haljuno saslabahu” Sumantri : “Engko dhisik. Kakang wae saiki kang sowan prabu, kapan-kapan kowe tak parani ya dhi.” (mlayu ninggalake Sukrasana ing taman sriwedari) Sukrasana : “Akaaang, akang sumantliiii” (banjur ndoprok karo nangis gulung koming) “Akaaang….huwaaaa..huhuhu…” Para Lelembut : (metu saka panggone ndhelik) “Aja nangis Sukrasana” Sukrasana : “Moso to wes tak ewangi kok malah ninggal aku. Huhuhuhu” Para Lelembut : “Ayo dienteni nan kene wae. Awakdewe ndelik ing sak mburine wit gedhe ing taman sriwedari” Sakwise Sukrasana lan kanca-kancane ndhelik, para dayang Maespati padha tumeka ing Taman Sriwedari. Ngerti yen kahanan taman iku endah lan nyenengake, para dayang banjur dolanan, nari-nari lan nyanyi-nyanyi ing taman. Para Dayang : “Weeeh.. apike..” Dayang 1 : “Eh.. eh.. kembange aneka warna” Dayang 2 : “Katon endah disawang mata” Dayang 3 : “Awakdewe biso seneng dolanan nang kene. Iyo opo ora? Para Dayang : “Iyo” (surak bareng-bareng) Dayang 4 : “Iso nari-nari, iso nyanyi-nyanyi” Dayang 5 : “Pancen nyenengake, wong koyo ngene endahe” Dayang 3 : “Ehm..ehm yo iki sing jenenge….” Para Dayang : “Taman Sriwedari” Lagi asyik e nari lan nyanyi ing taman, ujug-ujug metu sukrasana karo kanca-kancane saka mburi wit gedhe nan taman kui. Para Dayang banjur kaget terus bengok-bengok njaluk tulung. Sukrasana dkk : “Huwaaaaa…” (Sukrasana metu lan ngagetne para dayang) Para Dayang : “Haaaaa….” (mlayu golek slamete dewe-dewe) “Tulung…tulung…” (para dayang mbengok-mbengok njaluk tulung) Sumantri kang krungu rame-rame ing taman, langsung mlayu tumuju taman lan nemoni adhine lan kanca-kancane lagi ngeden-ngedeni para dayang. Sumantri banjur nesu lan nguneni adhine. Sumantri : “Sukrasanaaaa…” Sukrasana : “Eh..akang Sumantli” Sumantri : “Adhuh dhi, ojo gawe isinku” Sukrasana : “Lho dadi kakang sumantli isin duwe adhi elek koyo aku? Ojo ngono to kang.” Sumantri : “Aku rak wes kandha, mbesuk si adhi bakal tak parani” Sukrasana : “Mbesuk kapan maneh to kang? Dhisik kakang sumantli sayang kalo aku. Ola isin duwe adhi koyo aku. Nyapo ngenteni mbesuk-mbesuk. Lha wong aku ki yo trus kok tinggal moso wes iso mutel taman ” Sumantri : “Minggato kono opo ora” Sukrasana : “Wegah kakang, anane aku nang kene, aku pengen nagih janjimu kakang” Sumantri : “Minggat….” Sukrasana : “Emo kang” Sumantri : “Minggato” Sukrasana : “Kakaaang” Sumantri : “Minggat ko kene opo ora” (karo ngagari panah nyang Sukrasana) “Minggaaaat” (panahe mrucut ngenani dhadhane Sukrasana) Sukrasana : “Kakaaaaaang” (langsung ambruk nan dhuwure lemah) “Aaaaaaaa…” Sumantri : “Adhikuuuu…” (mlayu nyedaki lan ngrangkul awake Sukrasana) “Adhikuuuuu..” (Nangis) “Adhiku Sukrasana, kkang ora sengaja njemparing sira. Niyatku mung ngagar-ngagari supaya si adhi wedi.” Sukrasana : “Iya kang, wes tak tampa pesthine kodrat. Aku lan awakmu kudu perpisahan” Sumantri : “Ora dhi, ora. Kakang tetep pengin urip bebarengan karo kowe adhiku” Sukrasana : “Iyo kang, tak enteni kakang ing lawange suwargo” Sumantri : “Sukrasanaaaaaa…..” (mbengok buanter) Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja.

Minggu, 12 Mei 2013

Sbmptn: Lulus di UI dengan Sbmptn Mudah Enggak Ya?

Sbmptn: Lulus di UI dengan Sbmptn Mudah Enggak Ya?: Sudah jadi opini publik tampaknya, Universitas Indonesia (UI) merupakan perguruan tinggi negeri (PTN) elite yang menjadi incaran banyak calo...

Senin, 05 November 2012

DEWI SANGGALANGIT



BABAK I (Ing kraton Bantarangin)
Ing sawijining dina ing tlatah Bantarangin, Prabu Klana Sewandana nguda rasa babagan kendahane Dewi Sanggalangit. Dilelipur kareben bisa nglalekake, nanging malah gawang-gawang ing netra katon ngegglo kasulistyaning Sanggalangit.
Klana Swandana       : Langiiit…tambanana lara brantaku iki langittt…sliramu tansah gumanting ana ing mripat lan dada.
                                    Luwih becik aku mati yen ora bisa mboyong sliramu langiiiittt…. Ayo langit.. dak muktiake ana ing tlatah Bantarangin
                                    Aku prasetya yen ta klakon sesandingan karo sliramu. Umpama tanganku iki dadi suwiwi, dak papag sliramu saka tlatah Kediri.
                                    PATIHHHH…!!!!
Pujangga Anom        : Sendika dhawuh gusti prabu.
Klana Swandana       : Patih, dak utus sliramu menyang tlatah Kediri, lamaren Dewi Sanggalangit.
Pujangga Anom        : Nggeh gusti, pangestunipun ingkang kula suwun, mugi kangabdi saged kasembadan nyuwunaken kanjeng putri wonten ngarsa paduka gusti.
Klana Swandana       : Ya patih, dak kantheni purba wasesa, yen ta ora kena digawe becik, Kediri dadekno karang Abang. Iki gawanen pecut samandiman kanggo jaga-jaga.
Pujangga Anom        : Sendika dhawuh prabu, kula nyuwun pamit.
Klana Swandana       : Ya patih.
Ibune Klana Sewandana mlebu.
Ibu K S                       : Ana apa ta ngger kat mau dak sawang sliramu kok nglamun wae.
Klana Swandana       : Dhuh biyung, kula lagi galau.
Ibu K S                       : Lha dalah… galau nyapo ta ngger???
Klana Swandana       : Mekaten biyung. Kula lagi kebayang-bayang kaendahane Dewi Sanggalangit. Kula tresna marang Dewi Sanggalangit.
Ibu K S                       : Ya gek ndang diparani kana ta ngger.
Klana Swandana       : Sampun biyung, kula wau sampun ngutus Pujangga Anom dhateng Kediri kagem nglamar Dewi Sanggalangit.
Ibu K S                       : Ealaahhh.. ya uwis ngger. Nek sliramu tresna marang Dewi sanggalangit, biyung among iso ndongakne, muga-muga sliramu isa sesandingan karo Dewi Sanggalangit.
Klana Swandana       : Matur nuwun biyung.

BABAK II (Ing kamare Dewi Sanggalangit)
Ing tlatah Kediri, Dewi sanggalangit kang lagi galau amarga kangen marang Prabu Klana Sewandana uga tansah kelara-lara ngenteni tekane Prabu Klana sewandana.
Dewi Sanggalangit    : (nyanyi wuyung)
Duh kangmas Prabu, aku kangen marang sliramu. Wes sui dak enteni, nanging sajake sliramu wes lali marang janjimu.
P D S                          : Lho lho, wonten napa ta ndara?? Siang-siang kok nangis??
Dewi Sanggalangit    : Ngene lo mbok, aku lagi kangen karo Prabu Klana Sewandana.
P D S                          : Ingkang pundi nggeh ndara?? Kok kula dereng sumerep??
Dewi Sanggalangit    : Kae lo mbok, sing saka tlatah Bantarangin.
P D S                          : Oalah, ingkang kados Morgan Smash nika ta ndara???
Dewi Sanggalangit    : Iya kae lo mbok, sing gagah, pinter, dhuwur, putih, ngangeni sisan.
P D S                          : Menawi niku, kula nggeh purun lo ndara. hehe
Dewi Sanggalangit    : Huss! Ngawur e! Prabu Klana Sewandana iku pujaan hatiku.
P D S                          : Hehehe..nggeh ngapunten ndara, kula namung guyon kok.
Dewi Sanggalangit    : Eh mbok, aku krungu suara aneh, kok sajake awit mau enek sing ora beres ta nang jaba.
P D S                          : Enggeh ndara. Kula nggeh mireng.
Pujangga Anom nginceng Dewi Sanggalangit lewat cendhela. Nanging dheweke ora sadar yen dheweke wes konangan dening Dewi Sanggalangit lan pembantune.
Dewi Sanggalangit    : Heh! Sapa kui?? Aja mlayu!!!
P D S                          : Sanune niku wau maling ndara?
Dewi Sanggalangit    : Pie ta mbok?? Nek maling pora yo wis mlebu mrene trus nyekap awakdhewe??
P D S                          : Sajake wonten udang dibalik rempeyek, eh salah udang dibalik batu ndara.
Dewi Sanggalangit    : Sapa ya mbok kira-kira wong mau? Aku kok penasaran.
P D S                          : Ganteng nggeh ndara??
Dewi Sanggalangit    : Jaremu maling, kok saiki malah ngomong nek ganteng? Pie ta jane??
P D S                          : Hehe. Waduh ndara! Malinge wau nek mboten cepet-cepet dikiter, selak mlayune tebih ndara??
Dewi Sanggalangit    : Ayo mbok, ayo cepet..

BABAK III (Ing taman)
Dewi Sanggalangit lan pembantune tumuju ing taman. Pujangga Anom malah leyeh-leyeh ing kono karo nglamun. Sak nalika dheweke kaget amarga digetak pembantune Dewi Sanggalangit.
P D S                          : Hey! Kowe sapa?? (ngablek Pujangga Anom)
Punjangga Anom      : (kaget trus mundhuk-mundhuk) Ampun Dewi, ampun! Aku ora nduwe niat ala marang sliramu. Temenan!
P D S                          : Halah, ora usah kakean omong! Buktine kowe clingak-clinguk nang cendhela kamare Dewi Sanggalangit, arep maling po pie??
Dewi Sanggalangit    : Ojo dikasari mbok. Mesakne! Awakmu sopo?? Ana perlu apa karo aku?? Kok maeng dak ngetne clingukan nang cendhela kamarku trus mlayu mrene.
Pujangga Anom        : Ngapunten Dewi. Kula Pujangga Anom. Jenengan leres Dewi Sanggalangit??
Dewi Sanggalangit    : Iya, awakmu kok ngerti jenengku??
Pujangga Anom        : Sinten ta inkang mboten ngertos panjenengan?? Putrine Raja Kediri ingkang ayune pun kawentar ing pundi-pundi.
Dewi Sanggalangit    : Terus ana perlu apa awakmu mrene??
Pujangga Anom        : Mekaten Dewi. Sejatosipun kula sampun dangu tresna marang panjenengan. Panjenengan napa purun kula boyong dhateng tlatah kula lan dados pendamping kula??
P D S                          : Sampun percados kalih tiyang punika ndara. Ketawis saking praupane menawi tiyang punika kriminil.
Dewi Sanggalangit    : Apa ta mbok?? Aja mbiji uwong saka njobone wae. Gak apik.
P D S                          : Lha criyose ndara wau tresna marang Prabu Klana Sewandana, kok sak niki malah kalih tiyang niki??
Dewi Sanggalangit    : Wes bene lah mbok. Prabu Klana Sewandana yowes ora ngganggep aku. Luwih becik aku nresnani uwong kang temenan tresna marang aku, yo koyo Pujangga Anom iki.
Pujangga Anom        : Yes! Yes! Berarti jenengan purun kalih kula??
Dewi Sanggalangit    : Iyo pujangga Anom. Ayo budhal. (malu-malu)
P D S                          : (ngedumel dhewe) Mbuh lo nek salah pilih!
BABAK IV (Ing dalan)
Ing perjalanan, dumadakan Pujangga Anom lan rombongan dicegat dening Singo Barong, penguasa daerah kono
Singo Barong             : Hey! Mandhek! Wani-wani men kowe lewat daerah kekuasaanku! Kowe sapa???
Pujangga Anom        : Aku Pujangga Anom. Kowe sapa?? Ana apa kowe nyegat aku??
Singo Barong             : Jenengku Singo Barong. Mergo kowe wes nyalahi aturan. Lewat daerah kene tanpo ijin saka aku. Saiki kalahno aku dhisik yen kowe pengen nerusne laku.
Pujangga Anom        : Yen ta kaya mengkono, dak turuti opo kerepmu.
Dewi Sanggalangit    : Uwis Pujangga Anom, uwis. Aja diladeni, luwih becik ngalah wae.
P D S                          : Ndara niki dikandhani angel kok trah. Dados nggeh kados menika kedadeane. Dicegat makhluk jadi-jadian.
Dewi Sanggalangit    : Awakmu ki omong apa ta mbok. Menengo dhisik.
Singo Barong             : Hahahaha…yen kowe pengen slamet, wehno aku Dewi Sanggalangit sing ayu kui. Cepet!
Pujangga Anom        : Aku ora bakal lila yen awakmu ngrebut calon bojoku iki.
Dumadakan ana pawongan loro kang ayu, mlayu-mlayu lan nyedaki Singo Barong.
Gendakan 1               : Om Barong….aku aja ditinggal ta?? Enteni…
Gendakan 2               : Lha iyo Om Barong iki. Arep dijak shopping malah nang kene.
Singo Barong             : Sik to, menengo! Enek mangsa iki lo. Entenana nan omah.
Gendakan 1               : Wah, wah..ganteng tenan yo wong kui! (terpesona karo Pujangga Anom)
Gendakan 2               : Iyo..luwih ganteng teryata saka Om Barong! Aku yo gelem nek karo wong kui. Jenengmu sopo mas?? (karo mesam-mesem nyedak nyekel tangane pujangga Anom)
Dewi Sanggalangit    : Ojo eman! Iki duwekku wesan! Awakmu karo Singo jadi-jadianmu kui ae.
P D S                          : Hey para gendakane Singo jadi-jadian! Minggir woe! Kamseupay men ta?? Eruh wong ganteng thithik ae wes ngonyel ae!
Gendakan 2               : Pangkatmu opo to jane?? Dadak nglarang-nglarang aku barang!
P D S                          : Aku pembantune Dewi Sanggalangit. Nyapo?? Masalah kanggo awakmu??
Gendakan 2               : Gak leveeeelll!!!
Singo Barong             : Wes wes! Rasido perang iki engko! Ti, Yem..minggiro dhisik! (marang Pujangga Anom) Ayo maju kene lek wani!
Pujangga Anom        : (marang Dewi Sanggalangit) Culna tanganmu Dewi. Tak lawan e Singo Barong iki. Ora usah khawatir.
Dewi Sanggalangit    : Tapi Pujangga Anom??
Pujangga Anom        : (nyentakake tangane Dewi Sanggalangit) Aku ora bakal mundur yen ta amung kok tantang! Loe jual gue beli! Maju!!!
Perang gedhi kui mau banjur dimenangne dening Pujangga Anom. Singo Barong kalah lan mulih karo gendakan-gendakane.
BABAK V (Ing kraton Bantarangin)
Ing kraton, kahanane sepi banget. Mung enek Prabu Klana Sewandana kang lagi ngentenii tekane utusane
Klana Sewandana     : Langiiiiit….tekan ngendi sliramu langit….
Dewi Sanggalangit bingung, kok dheweke digawa menyang tlatah Bantarangin, menyang kratone Prabu Klana Sewandana. Dheweke kaget sak tekanne kraton, amarga nemoni Prabu Klana Sewandana lagi nglamun.
Klana Sewandana     : Lha kae langit…
                                    He..langit..bungah ati iki ketemu sliramu langit..Semene suwi ne aku pengen ketemu sliramu langit.
Dewi Sanggalangit    : (meneng ae)
Klana Sewandana     : Ana apa kok sliramu meneng wae langit?? Apa sliramu ora kangen menyang aku??
Dewi Sanggalangit    : Kangen prabu,,,, kangen.. Sampun dangu anggen kula ngentosi panjenengan. Mboten ngirim utusan, mboten maringi kabar.
Klana Sewandana     : Lho..iki langit..aku ngirim patihku kanggo mapag sliramu ing tlatah Kediri, lan mboyong sliramu menyang tlatah Bantarangin iki.
Dewi Sanggalangit    : Apa tenan ature prabu iku Pujangga Anom??
Pujangga Anom        : Iya Dewi. Aku iki sejatine patihe Prabu Klana Sewandana. Lan ngapunten gusti, Dewi Sanggalangit sampun milih kula dados pendampinge.
Dewi Sanggalangit    : Lho…awakmu kok ora ngomong yen utusane sang prabu?? Berarti…
Pujangga Anom        : Iya Dewi, aku ngapusi awakmu, merga aku tresna marang sliramu Dewi.
Klana sewandana      : Patih…ana apa iki?? Coba jelasno!
Ibu K S                       : Ana apa ta le?? Awan-awan bengok-bengok koyo opo wae!
Klana sewandana      : Niki lo biyung, Pujangga Anom kula utus malah nyalah gunakake tugas saking kula menika.
Ibu K S                       : Lah halah.. wong ngono ae kok dadi masalah. Dipecat ae pora yo uwis, trus golek maneh gantine.
Pujangga Anom        : Ampun gusti putri. Maksud kula mboten kados menika, saestu..
Ibu K S                       : Karepmu jane pie?? Mblenjani tugas saka anakku. Tak pecat awakmu engko!
Pujangga Anom        : Waduh, gawat niki menawi dipecat. Lha terus kagem modal kula nikah kalih Dewi Sanggalangit menika napa gusti???
Klana sewandana      : Apa kandha mu??
Pujangga Anom        : Heeeiiitt…kalem, slow gusti..
\                                   Kersane Dewi Sanggalangit ingkang milih. Kula napa panjenengan ingkang Dewi tresnani.
Dewi Sanggalangit    : Haduh.. pie ya iki??? Penontonnnn…Pilih endi yo iki penake???
                                    Prabu Klana Sewandana iku ganteng, putih, dhuwur, nanging kok cungkring???
                                    Yen Pujangga Anom iku cute, perkasa, pinter.. nanging kok ireng???
Ibu K S                       : Lha dalah..wes ndang gek dipilih nduk ayu, pilih anakku opo patihe kui awakmu??
Dewi Sanggalangit    : Kula milih Prabu Klana Sewandana mawon ibu.. :D
Pujangga Anom        : Apaaaa…???? Aku gak kepilih??? Jan apes tenan aku..
P D S                          : Sssstttt…sssttt… (kedip-kedip mripat)
Pujangga Anom        : Ahaaa…!! Adoh-adoh saka Kediri moso yo gak oleh apa-apa. Wes karo awakmu e aku. (ngandheng tangane pembantune Dewi Sanggalangit)
P D S                          : Asyik-asyik..akhire aku oleh jodoh tenan..!!
            Akhire Prabu Klana Sewandana bisa dhaup karo Dewi Sanggalangit, lan bisa urip mulya ing tlatah bantarangin.
--Rampung--






Selasa, 25 September 2012

Bawang Merah Bawang Putih


Alkisah di sebuah desa hiduplah seorang pedagang yang mempunyai seorang istri dan dua orang anak, mereka adalah Bawang Merah dan Bawang Putih. Pedagang tersebut selalu sibuk dengan kegiatan berdagangnya diluar kota, oleh karena itu Bawang Putih selalu menjadi bulan-bulanan oleh ibu dan saudara tirinya, Bawang Merah. Setiap hari, Putih hanya disuruh-suruh dan dibentak-bentak. Dia harus mengerjakan seluruh pekerjaan rumah seperti memasak, menyapu dan mencuci. Kejadian itu pun tidak pernah diketahui oleh ayahnya Bawang Putih.

Setting 1 (Dirumah)

Pagi yang sunyi itu terpecah oleh suara Bawang Merah yang keras.

Bawang Merah: Putih…putih….!! Kesini kamu!…Bersihkan ruang tamu ini sampai bersih! Kalau sampai ada debu yang tertinggal nanti kamu aku suruh tidur di gudang. Ngerti kamu??

Bawang Putih: Baik Bawang Merah..(menunduk dan mulai menyapu)

Beberapa saat kemudian datang ibu tiri…

Ibu Tiri: Putih…putih….!! Dimana sih ni anak, Putiiiiiih…!!

Bawang Putih: Ada apa ibu memanggil saya??

Ibu Tiri: Kamu masih tanya ada apa?? Hei, lihat itu baju kotor sudah menumpuk. Cepat pergi kesungai sana dan cuci semua baju- baju ini!! (sambil melempar baju kotor kearah bawang putih) Jangan kembali kalau baju- baju ini belum bersih!

Bawang Putih: Iya bu.. (segera mengambil baju-baju yang berantakan dan meletakkannya kedalam bakul dan pergi ke sungai)

Setting 2 (Disungai)

Sambil mencuci Bawang Putih berbicara sendiri merenungi nasipnya sebagai anak tiri.

Bawang Putih: Andai saja ibu masih ada, aku gak akan disuruh-suruh seperti ini. Ayah, mengapa ayah selalu sibuk dengan pekerjaan ayah?? Mengapa ayah tidak pernah berpikir kalau aku diperlakukan seperti ini oleh ibu Bawang Merah?? (sambil menangis)

Tiba- tiba muncul suara dari ikan emas yang sedang berenang di samping Bawang Putih.

Ikan: Jangan menangis Bawang Putih, suatu hari kamu akan menemukan kebahagiaanmu bersama seorang pangeran.

Bawang Putih: Ka..kamu siapa?? (dengan nada kaget)

Ikan Emas: Tenang Bawang Putih. Aku tidak punya niat jahat sama kamu. Aku hanya ingin jadi temanmu. Maka jika kamu sedang sedih, kemarilah..! Aku siap menjadi teman curhat kamu.

Bawang Putih: Iya ikan, Terima kasih ya, tapi aku harus segera pulang. Nanti ibu dan kakak tiriku marah jika aku pulang terklambat.

Ikan Emas: Iya, hati-hati Bawang Putih. Kuatkan hatimu menghadapi ibu dan kakak tirimu.

Bawang Putih langsung saja berlari untuk pulang. Namun tanpa sepengetahuan Bawang Putih, ternyata Bawang Merah melihat dan menderngar percakapan antara Bawang Putih dan ikan emas. Langsung saja Bawang Merah menuju tepian sungai dan menangkap ikan emas itu.

Bawang Merah: Hahahaha… Rasakan kau Bawang Putih, temanmu ini akan aku bawa pulang, dia akan mati karena tidak bisa bernapas. Dan kamu gak akan punya teman lagi.

Bawang Merah pun segera pulang. Sesampainya dirumah, Bawang Merah lalu memberikan ikan yang sudah mati itu kepada Bawang Putih.

Setting 3 (Didepan rumah)

Bawang Putih saat itu sedang menyapu halaman, tiba-tiba Bawang Merah datang.

Bawang Merah: Hei Putih, lihat apa yang aku bawa!! (sambil mengacungkan ikan)

Bawang Putih: Jangan Merah, jangan! Itu temanku, jangan sakiti dia!

Bawang Merah: Uupss… Kamu sudah terlambat Putih. Dia sudah mati, nih bangkainya! Simpan baik-baik. Hahahahhaha. (terus berjalan kedalam rumah)

Bawang Putih segera mengambil bangkai ikan emas itu. Sambil menangis, Bawang Putih mengubur temannya.

Bawang Putih: Temanku, maafkan aku. Aku tidak bisa menjagamu dari kejahatan Bawang Merah.

Sambil terus menangis Bawang Putih meninggalkan halaman menuju kerumah.

Setting 4 (Di Kerajaan)

Sementara itu di Kerajaan, Raja memerintahkan Pangeran untuk mencari pohon berdaun emas.

Raja: Wahai anakku, aku tugaskan kamu untuk mencari pohon berdaun emas!

Pangeran: Iya Ayahnda, saya akan mencari pohon berdaun emas. Tapi dimana saya harus mencarinya??

Raja: Ya kamu cari di sekitar wilayah kerajaan ini, atau kamu bisa mencarinya ke negeri seberang.

Pangeran: Baiklah Ayahnda, saya pamit untuk melaksanakan tugas dari Ayahnda. (sambil menunduk dan memberi hormat)

Setting 5 (Didepan rumah)

Dihalaman rumah Bawang Putih telah tumbuh pohon berdaun emas. Pohon itu tumbuh dari tanah tempat Bawang Putih mengubur ikan emas.

Ibu Tiri: Merah.. Merah.. cepat kesini. Lihat nak!! Pohon apa yang tumbuh di depan rumah kita itu??

Bawang Merah: Apa sih ibu ini teriak-teriak?? (terbelalak dan kaget) Wahh…ini pohon emas bu. Pasti ini tanaman langka.

Tiba-tiba pangeran dan punggawa kerajaan lewat depan rumah mereka. Dan langsung saja pangeran menanyakan pohon berdaun emas itu.

Pangeran: Permisi… Bolehkah saya mengetahui siapa pemilik pohon berdaun emas ini??

Bawang Merah: Oh pangeran, ya saya ini pemilik pohon itu. Kenapa pangeran??? (dengan gaya genit)

Pangeran: Kalau boleh saya akan membelinya dengan harga berapapun yang kamu minta nona.

Ibu Tiri: Kalau pangeran membutuhkannya, kami akan berikan pohon itu kepada pangeran. Tapi pangeran harus menjadikan putri saya yang cantik ini sebagai permaisuri pangeran. Bagaimana??

Pangeran: Baiklah. Saya akan penuhi syarat itu, jika dia mampu mencabut pohon ini dari akarnya.

Bawang Merah: Okeee… Siapa takut. Aku akan mencabutnya (dengan susah payah mencabut pohon berdaun emas, tapi tidak berhasil)

Ibu Tiri: Aduh nak, kamu ini bagaimana sih?? Coba ibu yang akan mencabutnya. (dengan susah payah mencabut pohon berdaun emas, tapi tidak berhasl juga)

Pangeran: Kalian telah membohongi saya. Dan sebagai hukumannya, kalian akan saya kirim ke penjara

Tiba-tiba ada sebuah suara halus dari dalam rumah.

Bawang Putih: Jangan pangeran..!! Mereka tidak bersalah. Sayalah pemilik pohon itu.

Bawang Merah: Hei Putih, kamu ini apa-apaan sih?? Kamu jangan ikut campur ya!!

Ibu Tiri: Putih.. Jangan macam-macam ya kamu!! Awas nanti kamu ya!!

Pangeran: Diam kalian!! Biarkan dia mencoba mencabut pohon itu.

Ibu Tiri: Bawang Merah saja tidak bisa mencabutnya, apa lagi kamu!! (sambil mencibir)

            Bawang putih mencabut pohon berdaun emas itu. Dan dia berhasil. Kemudian dia memberikannya kepada pangeran.

Bawang Putih: Ini pangeran pohon berdaun emas itu. Silahkan!

Pangeran: Terima kasih Bawang Putih. Ternyata kamu pemilik pohon itu. Oleh karena itu, mari ikut bersamaku ke istana dan kita akan segera menikah.

Bawang Merah: Ohh…tidak mungkin!! Tidak, tidak, aku tidak rela. (terbelalak dan kaget)

Pangeran: Dan untuk kalian berdua akan aku kirim ke penjara sebagai balasan telah berani membohongi saya.

Ibu Tiri: Ampun, pangeran ampun. Kami tidak mau dipenjara (sambil memohon-mohon kepada pangeran)

Bawang Putih: Jangan Pangeran. Izinkan mereka berdua tinggal dengan kita. Walau bagaimana pun, mereka tetap ibu dan saudaraku.

Pangeran: Baiklah Bawang Putih, aku tidak akan menghukum mereka.

Ibu Tiri + Bawang Merah: Terima kasih pangeran.

            Mereka semua pun akhirnya hidup bahagia dan tinggal di istana.

_THe eND_

Jumat, 21 September 2012

Cinderella Sandal Jepit

Dhek jaman biyen ana bocah ayu kang aran Cinderella. Ibuke Cinderella wis ninggal awit Cinderella sik cilik. Banjur bapake nikah maneh karo randha kang duwe anak 2. Wiwit cilik, ibuk tirine Cinderella wes ora seneng menyang Cinderella. Apa maneh dulur- dulure, gawene kur nggetak- nggetak Cinderella lan ngakon Cinderella umbah- umbah,masak lan resik- resik. Bapake ora tau weruh yen Cinderella disia- sia neng ibuk lan dulur- dulur tirine. Bapake iku bakul kang mulehe saben sesasi pisan. Mula saka iku, Cinderella ora wani omong menyang bapake  yen gawene disiksa. Cinderella uga diancem neng ibuk lan dulur- dulure tiri yen Cinderella pradul menyang bapake, Cinderella arep dipateni. Saben dina Cinderella masak, umbah- umbah lan resik- resik dhewekan, ora tau enek sing ngewangi. Ibuke tiri blas ora duwe ati, Cinderella wis kon kerjo abot nanging yo ora diwehi kamar sing apik, klambi sing layak lan ora dianggep anak, nanging luweh pantes dianggep pembantu.
            Ing sawijining dina, Cinderella lagi asyik resik- resik karo nyanyi- nyanyi, dulur- dulure tiri lan ibuke teka. Cinderella kang ora eruh apa- apa langsung ae disukurne nganti Cinderella tiba.

Mbakyu tiri 1: “Hey Cinderella, nek nyapu ke seng resik. Aja karo nglamun ae.  Diloken to kui, brewok kabeh kui lo.”(karo nyebari jogan karo lemah)

Cinderella: “Niku wau sampun kula sapu mbakyu,nanging mbakyu ingkang ngregedi maleh kalih lemah”

Ibuk tiri: “Rene- rene Cinderella, reneo tak omongi. Nyedako mrene.”

Cinderella: “Wonten napa buk? Napa kula gadhah salah maleh kalih ibuk lan mbakyu- mbakyu?”

Ibuk tiri: “Ora. Aja kuatir. Aku mung ngomongi, yen suk malem minggu, Pangeran Paijo kae arep nganakake pesta gedhen kang tujuane pangeran arep golek garwa. Mbakyu- mbakyumu gawekno klambi pesta sing paling apik. Pokoke suk malem minggu kudu wes siap.”

Mbakyu tiri 2: “Iyo Cinderella, pokoke aku kudu tampil paling ayu. Ben Pangeran Paijo milih aku.yo pora buk?”

Mbakyu tiri 1: “Lhah halah..kowe ki lo. Mbokyo ngalah thithik ae karo aku. Pangeran paijo kui bagean ku, iyo tow buk?”

Ibuk tiri: “Wes- wes sapa ae sing dipilih padha wae. Kowe cah 2 kan anake ibuk, dadi yo nek anake dadi wong sugih, ibuke wes mesthi katut sugih”

Cinderella: “Buk, napa kula nggih asal tumut mbakyu- mbakyu dugi ing pestanipun Pangeran Paijo?”

Mbakyu tiri 1: “Lhah halah, kowe ki duwe modal apa ta ndhuk- ndhuk arep melu neng istana. Mbokyo nyadar, kowe ki babu, rap antes sesandingan karo pangeran.”

Mbakyu tiri 2: “Lha iyo lo kui. Pora duwe isin muni ngono kui. Gek kowe ki lo, arep gawe klambi apa nek kowe arep melu pesta. Klambimu ae lo kabeh mambu pawonan.”

Ibuk tiri: “Ndhuk, ibuk yo ora setuju. Lha wong kowe ki lo uduk apa- apane ibuk. Gek ibuk ki wong terhormat. Gek yo moso to arep gawani babune nek pesta. Wes kono, ndang gek ditandangi gaweane nek pengen engko bengi oleh panganan.”

*****
Malem minggu wayahe pesta ning istana ne Pangeran Paijo. Ibuk lan mbakyu- mbakyu tirine Cinderella padha macak sing ayu- ayu. Sadurunge budhal, ibuke tiri pesen yen Cinderella aja ngasi teka ing pesta, amarga bakal ngisin- ngisini ibuke lan mbakyu- mbakyune.
Ditinggal dhewekwn neng omah, Cinderella nangis kelingan ibuke sing wes ora enek. Rumangsa nek dheweke blas ora dianggep, Cinderella banjur ndonga supaya dhewekke oleh pitulungan. Supaya dhewekke iso melu ana ing pestane Pangeran Paijo. Lha dalah!!!Ana sekelebat ayang- ayang. Nanging ayang- ayang kui maeng banjur nuli dadi pawongan kang ayu awujud peri lan ngadeg ing ngarepe Cinderella. Saking kagete, Cinderella ora iso mbengok njaluk pitungan. Banjur peri kui maeng omong yen dhewekke arep mbantu Cinderella supaya bisa teka ing pestane Pangeran Paijo.

Peri: “Ndhuk aku bisa mbntu kowe. Tapi syarate kowe kudu muleh sadurunge jam 12 wengi. Amarga, yen keliwat saka jam 12 bengi, kabeh anggonanmu bakal mbalik elek maneh.”

Cinderella: “Nggih ibu peri. Kula ngertos.”

Peri: “ Aku yo bakal ngubah sandhal jepitmu kui dadi sepatu kaca. Tapi yo kui, eling- elingen. Yen klewat jam 12 bengi, sepatu kacamu yo maleh dadi sandal jepit eneh.”

Peri kui maeng banjur nyihir Cinderella nganggo kekuatane lan Cinderella maleh dadi beda karo biasane. Klambine Cinderella kang buluk lan ambune pawonan, saiki maleh dadi klambi apik kang wangi. Rambute kang kummel koyo sarung sing rat au diumbah, saiki wes maleh koyo bubar dicreambath. Lan sandhale kang uelek plus selen beda rupane, saiki maleh dadi sepatu kaca.
Tapi, ana siji sing kurang. Nganggo apa yo Cinderella menyang istana ne Pangeran Paijo?
Peri kang ora kentekan akal banjur ngakon Cinderella nyeluk kanca- kancane supaya bisa mbantu amrih Cinderella bisa cepet menyang istana. Cinderella banjur nyeluk tikus lan njupuk waluh saka kebonane ing mburi omah. Ibu Peri langsung nyihir waluh dadi dokar lan tikuse dadi jaran. Banjur Cinderella budal menyang istana gawe kendaraane kui maeng.
*****
           
            Ing istana pestane wes dimulai. Para bapak lan ibu kang duwe anak wedok, kabeh padha ana ing istana pengin lan ngarep- arep anake sing dipilih dadi garwane Pangeran Paijo. Uga ibuk lan mbakyu- mbakyu tirine Cinderella. Kabeh padha eyel- eyelan arep dansa ambek pangeran.

            Ibuk tiri: “Ndhuk- ndhuk, ndang kae gek dicedhaki Pangeran Paijo. Engko selak didisiki liyane lo.”
           
            Mbakyu- mbakyu tirine Cinderella langsung nyedaki Pangeran Paijo.
           
            Mbakyu tiri 1: “Sugeng dalu kangmas Paijo. Kenalaken, nami kulo Nirina Njabir.”
           
            Mbakyu tiri 2: “Kenalaken pindhah, nami kulo Nana Jidat.”
           
            Mbakyu tiri 1: “Mangga kangmas dansa kalih kula.”
             
            Mbakyu tiri 2: “Kalih kula mawon kangmas. Goyangan kulo mantap kang.”(karo ngguyu katek suara lanange).

            Pangeran Paijo: “Sepurane wae tante- tante, aku wegah dansa karo kowe wong 2. Aku isih ngenteni bocah ayu kang gawene tak impekne kui.”
           
            Mbakyu tiri 1: “Lhah halah, gek yo sopo ngono lo cah ayu kui kangmas nek ora aku?”

            Pangeran Paijo: “Wes ta diloken wae engko.”
           
            Ora dadak ngenteni suwe, ana pawongan ayu kang teka. Klambine apik lan perfume langsung nyebar ing saisine ruangan. Kabeh kang ana ing kono padha ngetne lan takon- takon ing jero atine sapa pawongan kui. Pangeran Paijo banjur nyedaki ngajak kenalan.
           
            Pangeran Paijo: “Hey cah ayu, ayo dansa karo aku?”

            Cinderella: “Inggih kangmas Paijo,mangga.”

            Anggone dansa Pangeran Paijo lan Cinderella ing tengahe ruangan. Wong- wong kang ana ing kono kagum ambek penampilane sepasang penari kang during tau ketemu lan kenal sadurunge. Ibuk lan mbakyu- mbakyu tirine Cinderella ora weruh menawa sing dansa karo pangeran kui si Cinderella, tukang masak lan umbah- umbah ing omahe.
Wes sawatara suwe Pangeran Paijo lan Cinderella dansa, nganti wes jam 12 bengi. Bel kang ana ing jam muni banter. Theng,theng.theng!!! Cinderella kaget banjur takon menyang pangeran Paijo.
Cinderella: “Suara apa kui maeng kangmas?”

Pangeran Paijo: “Owalah, ora usah wedi. Kui mono bel, tandhane wes jam 12 bengi.”

Cinderella: “Hah..Apa? Wes jam 12?”

Pangeran Paijo: “Iyo. Enek apa ta jane cah ayu? Nyapo kok kowe sajake bingung ae?”

Cinderella: “Aku tak muleh dhisik yo kangmas. Wedusku during tak pakan maeng.”(karo age- age mlayu nuju keretane)

Pangeran Paijo: “Eh cah ayu, kowe arep nyandi? Sapa jenengmu?”(karo ngiter Cinderella)

Cinderella: “Jenengku A-jeng kellin. Wes yo..bay.bay”

Cinderella langsung wae numpak keretane. Ora sadar yen sepatu kacane keri sing sisih. Nanging sihire ibu peri ilang. Dadi kari sandhal jepite sisih kang selen kui ditemokake dening Pangeran Paijo.

*****

Sesukke, Pangeran Paijo ngutus pengawale nggoleki bocah jenenge A-jeng kellin.

Pangeran Paijo: “Hey pengawalku, coba golekono bcah ayu kang teka ing pestaku mambengi. Jenenge A-jeng Kellin.”

Pengawal: “Siap komandhan. Lha terus wonten pundit asale kula madosi A-jeng kellin niku?”

Pangeran Paijo: “Dasar pengawal pekok….yo digoleki neng ngisor amben po njero sakmu kono.”

Pengawal: “Lhah halah, Pangeran ki lo seng pekok. Gek opo yo enek to Pangeran- Pangeran. Mesthine nggolekine rakyo neng sekitare Kabupaten Ruwet iki?”

Pangeran Paijo: “Lha yo kui eruh ngono lo.. nyapo maeng dadak takon? Wes kono ndang budal. Selak bocahe lunga neng korea lo. Aku rakyo mlongo.”

Pengawal: “Inggih, sendiko dhawuh Pangeran. Kula bidhal rumiyin.”

Pangeran Paijo: “Eh pengawal, kene- kene sik. Mreneo tak omongi. Ki lo gawanen sandhal elek ki. Sapa ruh iso cepet nemokne A-jeng kellin.”

Pengawal: “Nggih Pangeran.”

Banjur pengawal iku ngubengi Kabupaten Ruwet lan nggoleki sing nduwe sandhal elek kui. Nanging kabeh padha ngaku- ngaku sing nduwe sandhal elek kui maeng. Iku ndadekne pengawal bingung. Pengawal ora kentekan akal. Janji bocah wadon njajal sandhal kui, sing pas karo sikile, ditakoni apa nduwe pasangane apa ora. Nanging ora ana sing nduwe.

*****

            Sawijining dina, pengawal mbedhayoh neng omahe Cinderella. Pengawal langsung wae nemoni ibuk tirine Cinderella. Trus njajalake sandhal elek kui maeng neng mbakyu- mbakyune Cinderella.
           
            Pengawal: “Kula nuwun..Permisi..”

            Ibuk tiri: “Mangga- mangga. Mlebet mawon pak pengawal. Wonten kersa punapa nggih?”

            Pengawal: “Aku diutus Tuan Pangeran Paijo nggoleki sapa kang nduweni pasangane sandhal elek selen iki”(karo ndudohake sandhal elek gawanane Pangeran Paijo)”Coba celukken putri- putrimu”

            Ibuk tiri: “Nirina, Nana….mreneo. iki lo enek pengawale pangeran nggoleki kowe wong 2.”

            Mbakyu tiri 1: “Wah mesthi aku iki sing cocok. Haha. Aku bakal dadi bojone Pangeran Paijo.”

            Mbakyu tiri 2: “Halah kowe ki apa ta bir, njabir. Kowe ki ra cocok ambek Pangeran Paijo. Aku ki lo sing pantes dadi permaisurine. Iyo pora pak pengawal?”(karo ngguyu katek suara lanange.)

            Pengawal: “Ora usah kakean komentar. Ndang kono dijajal. Selak aku emosi lo.”

            Mbakyu- mbakyu tirine Cinderella padha njajal sandhal elek kui maeng. Nanging ora enek sing pas. Nirina Njabir kegedhen, lan Nana Jidat keciliken sandhal. Ujug-ujug enek pawongan elek metu saka jero pawon. Klambine bulug lan ambune pawonan. Lan banjur bcah wadon kui omong.

            Cinderella: “Pak pengawal, napa angsal kula nyoba sandhal elek punika? Sinten ingkang ngertos menawi cocok kalih sikil kula.”

            Pengawal: “Tuan Pangeran Paijo maeng ora meling apa- apa. Dadi sapa wae oleh njajal sandhal elek iki. Menawa pas karo sikilmu, kowe kudu nduwe pasangane.”


            Cinderella banjur njajal sandhal jepit elek kui maeng. Kabeh kang ana ing ruangan iku kaget. Padha nggumun yen sandhal kui maeng pas dienggo Cinderella. Banjur Cinderella ndudohake sandhal selen kang dadi pasangane sandhal elek kui maeng.

            Pengawal: “Wuih…Kok cocok banget yo karo sikilmu sing busikken kui.”

            Cinderella: “Pak pengawal, tulung maturo menyang Pangeran Paijo yen awakmu wes nemokake A-jeng kellin. Gek maturo yen aku pengen disusul dhewe mrene menyang pangeranmu kui.”

            Pengawal age- age bali menyang istana. Banjur Pangeran langsung menyang omahe Cinderella gawe kereta kencanane lan Cinderella, ibuk lan mbakyu- mbakyune tiri diboyong kabeh dening Pangeran Paijo menyang istana. Ora kesuen, Pangeran Paijo lan Cinderela banjur nikah lan urip bahagia.

-SAMPE-